Kamis, 27 Maret 2014

Sing Lagi Tak Tulis, Yo Iki

Heh, btw iki wis tanggal 27 Maret 2014, tapi iki postingan pertama ning tahun iki. Ono sing bedo rak? Halah, kuwe sih rak dadi followers blogku, mulane rak reti :| Ngene lho, nek mbok ngeti nganggo sedotan lah yo ketok, postingan iki nganggo Basa Jawa. Tapi Jawa ne ki aku ape nganggi Jawa sing biasa tak ucapke (ngoko, logat Kudus Jawa Tengah, boso bocah umur 17 tahun). Yo mengko watake koyo tulisan Jawa iso berubah dadi Jowo, ben penak nulise, tapi iku dudu Boso Jowo sing apik tur bener.

Ngene lho mas-mas mbak-mbak sing menowo lagi rak ono kerjaan sambi moco blogku, aku ki jan-jane bingung karo uripku. Jane ki uakeh banget sing arep tak tulis ning blog. Lhah saking akehe kuwi, dadi utah, terus lali. Yo keset lah kasarane. Tapi, pertama sing arep tak tulis iku tentang konco. Iyo konco, dudu kinco. Nek kinco kuwi jeroan bandeng, jare ono taine sitik. Boso Londone ngene "high school almost over..." ning, Jowone yo "sekolahku arep entek...ning aku ijeh jomblo" Iku nek mbok artikke bebas, tapi maksudku ora kuwi. Maksudku yo kuwe reti dewe lah. Aku arep lulus, arep pisah karo konco-konco, yo ono senenge, yo ono sedihe. Nek diomong aku sekolah SMA iki sediluk yo ora  sediluk, lha wong 3 taun kok. Tapi nek mbok omong suwi yo ora kesuen, soale rasane koyo lagi wingi wae aku mlebu kelas X.

Aneh rasane, yo tapi piye. Yo jenenge wae urip, mesti abot, angger urip, tapi ojo lali bersyukur kari Gusti Allah. Oh hee, aku wis pitulas taun lho. Asale kan aku nem belas taun :| Tapi yo ngono sih, 'time flies so fast' artine 'wektu iku mabur cepet' Tapi dudu iku maksudku, halah, kuwe yo mesti reti lah. Akeh banget kedadean sing wis tak lakoni. Nek tak tulis kabeh ning kene, yo gempor tanganku -,-

Opo neh yo? *mikir kenceng* *......*

Oh he'e, bahas perbandingan urip SMP karo SMA yo. Ndek SMP iku rasane aneh, aneh pol. Malah rasane koyo aku gak tau SMP, aku lali e. Malah aku luwih eling SD. Yo watake goro-goro ning SMA iki aku dewean, gak ono konco sak SMP ku. Terus aku SMP yo sempet pindah. Dadine rodo gak iso akrab ngono. Perasaanku sih. Kan juga 'people change'. Aku bahas iki soale wingi aku bingung ngono, konco-konco SMA ku beberapa ono sing do reuni ning SMP ne. Ono sing lagi ngomongke arep reuni. Pas do ngomongke iku, aku yo langsung eling konco SMP ku. Sing mesti ijeh do urip kabeh. Tapi kene kan LDR. He'e LDR. LDR kan 'long distance relationship' a. Aku karo konco SMP ku juga disebut relationship keleeees. Lha mbok kiro iku cuma nggo pacaran tok? *ngepul*

Lha bedane karo SMA opo? Yo bedo, bebek karo kudo~ Nek SMA ki meski ijeh unyu-unyu imut-imut awale ijeh alay-rodo-megilan-sitik, tapi kan suwe-suwe dadi akrab. Trus yo SMA kan jare luwih dewasa. Yo mesti lah, mosok dadi luwih nyilik? Yo ora lah -,-

Oh he'e, jane akeh masalah sing anget sing pengen tak bahas. Tapi kok....... Yo ngono :| Antarane yo, koyo pileg (dudu pilek, pemilihan legislatif) sing rodo awkward, capres-capres sing rodo nggawe ganjel ati, parpol-parpol, pesawat e negoro tonggo, yo antarane kuwi lah. Tapi nek jane kuwe pengen reti, googling wae lah. Daripada kuwe penasaran. This is tu tousen en fortin men! Mesti wis kreatip kreatif laaaah *iki jowo, iso ngomong f*

Cukup semene ndisik yo, matur nuwun banget wis moco. Ra ketang kuwe mocone seminggu tah setahun tah  2 tahun sak bar e aku publish tulisan iki :') Tetep matur nuwun sak akeh-akeh e. Maaf nek ono sing salah.

Oh he'e, nek ono sing gak iso mbok ngerteni, komen wae, nek gak mensen twitter yo rak popo ning @ruli_yo . Matur nuwun yo, matur nuwun banget :3